Jaran | |
---|---|
![]() | |
Cumbon
| |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Perissodactyla |
Famili: | Equidae |
Génus: | Equus |
Spésies: | E. caballus |
Jeneng binomial | |
Equus caballus Linnaeus, 1758 |
Jaran (basa krama: kapal; Latin: Equus caballus utawa Equus ferus caballus[1][2]) iku salah siji saka sepuluh spésies modhèren mamalia saka génus Equus. kéwan iki wis suwé wujud salah siji kéwan ternak sing wigati kanthi ékonomis, lan wis nyekel peran wigati ing pangangkutan wong lan barang suwéné èwonan taun. Jaran bisa ditunggangi déning manungsa kanthi migunakaké sèdhel lan bisa uga kanggo narik, kaya ta kréta, utawa luku. Ing sapérangan laladan, jaran uga digunakaké minangka sumber panganan. Sanajan paternakan jaran diprakirakaké wis diwiwiti taun 4500 SM, bukti-bukti panggunaan jaran kanggo kaperluan manungsa gèk tinemu dumadi wiwit taun 2000 SM.