Jaringan sajeroning biologi iku sakumpulan sèl kang duwé wangun lan fungsi kang padha. Jaringan-jaringan kang béda-béda bisa makarya bebarenganuntuk sawijining fungsi fisiologi kang padha mbentuk organ. Jaringan disinaoni ing cawang biologi kang dijenengi histologi, déné cawang biologi kang nyinaoni owah-gingsiré wangun lan fungsi jaringan sajeroning gayutané karo lelara iku diarani histopatologi.
Jaringan diduwèni déning organisme kang wis duwé pembagéyan tugas kanggo saben golongan sèl-sèlé. Organisme mawa talus, kaya déné alga ("ganggang") lan fungi ("jamur"), ora duwé prabédan jaringan, sanadyan bisa mbentuk struktur-struktur khas mirib organ, kaya awak buah lan sporofor. Tuwuhan lumut bisa dianggep wis duwé jaringan kang jelas, sanadyan durung duwé jaringan pembuluh kang jelas.