Jehotang (제호탕) ya iku ombenan tradhisional kas Koréa kang digawé saka bahan herba lan lumrahé disajekake ing mangsa katiga.[1][2] Ombenan iki kawiwitan saka resep masakan pura Dinasti Joseon kang duwé manfaat minangka ombenan kang bisa nambani ngelak ing mangsa katiga.[2] Ing wulan kaping 5 ing dina Dano miturut kalender tradhisional, nalika hawane isih panas, klinik pura karajan wiwit gawé jehotang lan diwènèhake marang raja.[2]
Bahan mligi jehotang ya iku godhogan sari bahan-bahan herba kaya ta tuwuhan arrowroot (ganyong), omija (Schisandra chinensis), ginseng, liriope graminifolia, aprikot lan jahe.[2] Ombenan iki duwé manfaat kanggo keséhatan ya iku kanggo nambani diare lan watuk.[2] Sebutane mau bisa tinemu ing dhokumèn usada kuna Dongui Bogam karyané dhokter pura Heo Jun kang nulisaké manfaat lan carané gawé jehotang.[2]
{{cite journal}}
: Unknown parameter |month=
ignored (pitulung)[pranala mati permanèn]