Jembar utawa sajeroning Basa Indonésia: Jembar iku kuantitas fisik kang nyatakaké ukuran siji lumah. Ékan jembar utama miturut SI yaiku mèter pesagi déné miturut sistem Imperial yaiku kaki pesagi. Pangukuran jembar kanggo wangun-wangun prasaja bisa dilakokaké kanthi migunakaké persamaan matematika. Tuladhané, kanggo segipapat, jembaré yaiku amba (lébar) ping dhuwur (tinggi).