Jeneng Jawa

Jeneng Jawa iku cara pawèwèh jeneng kang dianut déning wong Jawa lan suku liya kang kaprabawan déning budaya Jawa, kaya déné wong Cina Jawa. Wong Jawa akèh kang mung nganggo siji jeneng nanging ana uga sawatara wong Jawa kang masang jeneng wong tuwané (bapaké) ing samburiné jenengé.

Jeneng Jawa umumnya asal saka basa Jawa; akèh kang njupuk utawa ngandhut unsur saka basa Sangskerta. Jeneng tembung wiwitan "Su-" lan "Wa-" akèh tinemu ing lingkungan wong Jawa. Saliyané asal saka tembung Jawa lan Sangskerta jeneng Jawa uga kaprabawan déning tembung saka Basa Arab, mligi ing tlatah kang duwé tradhisi Islam kang kuwat, kaya déné ing tlatah pasisir lor Jawa.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne