Jeolpyeon (절편) ya iku jinis roti beras (tteok) kang asalé saka Koréa.[1][2] Jeolpyeon digawé saka adonan glepung beras kang dikukus lan dicetak nganggo piranti cetakan.[1] Roti iki duwé tekstur kang lengket, kenyal, lan ora ana isiné nanging dibumboni lenga wijen supaya ora lengket, supaya lumahé nglenga, lan nambahi rasa énak.[1] Ing adonan jeolpyeon lumrahé ditambahi bahan akar tuwuhan surichwi banjur diwangun bunder-bunder kaya wujud rodha.[1] Jeolpyeon uga diarani surichwitteok kang dipangan nalika riyaya Dano saben tanggal 5 wulan 5 tanggalan Koréa.[1]
{{cite book}}
: Check |isbn=
value: length (pitulung)