Aksara Latin
|
Joko Widodo | |
---|---|
ꦗꦑꦮꦶꦢꦢ | |
![]() | |
Présidhèn Indonésia 7 | |
Linggih 20 Oktober 2014 – 20 Oktober 2024 | |
Litnan | Jusuf Kalla (2014 - 2019) Ma'ruf Amin (2019 - ) |
Kang sadurungé | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sawisé | Prabowo Subianto |
Gubernur DKI Jakarta 17 | |
Linggih 15 Oktober 2012 – 16 Oktober 2014 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Litnan | Basuki Tjahaja Purnama |
Kang sadurungé | Fauzi Bowo |
Kang sawisé | Basuki Tjahaja Purnama |
Walikutha Surakarta | |
Linggih 28 Juli 2005 – 1 Oktober 2012 | |
Ratu | Pakubuwana XIII |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Gubernur | Mardiyanto Ali Mufiz Bibit Waluyo |
Litnan | F.X. Hadi Rudyatmo |
Kang sadurungé | Slamet Suryanto |
Kang sawisé | F.X. Hadi Rudyatmo |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Surakarta, Jawa Tengah, Indonesia | Juni 21, 1961
Bangsa | Indonesia |
Parté pulitik | Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan |
Sisihan | Iriana[1] |
Anak | Gibran Rakabuming Raka[2]Kahiyang AyuKaesang Pangarep |
Almamater | Universitas Gadjah Mada |
Panggaota | Politikus |
Agama | Islam |
Tandha tangan | ![]() |
Ir. H. Joko Widodo (Jawa: ꦗꦑꦮꦶꦢꦢ: Jaka Widada) (lair ing Surakarta, 21 Juni 1961; umur 63 taun),[3][4] inggih punika présidhèn Indonésia angka pitu. ingkang njabat wiwit tanggal 20 Oktober 2014. Panjenenganipun kapilih minangka présidhèn sarengan kaliyan Wakil Présidhèn Muhammad Jusuf Kalla wonten ing Pemilu Présidhèn 2014. Saderengipun njabat présidhèn, Joko Widodo njabat dados Gubernur Jakarta awit tanggal 15 Oktober 2012.[1] Panjenenganipun dados gubernur angka 17 ingkang ngasta ing kutha krajan nagari Indhonésia.[5] Panjenenganipun asring dipuntimbali kanthi asma Jokowi (cekakan saking asma Joko Widodo).[6]
Sadèrèngipun ngasta gubernur Jakarta, panjenenganipun ngasta dados Walikutha Surakarta (Sala), Jawa Tengah ngantos kalih periodhe, inggih punika awit 2005 ngantos 2010 lan 2010 ngantos 2015.[5] Nanging nalika nembé ngasta kalih taun ing periodhe kaping kalih punika, Jokowi pikantuk amanah saking bebrayan umum Jakarta kanggé dados pangarsaning DKI Jakarta.[5] Nalika samanten Jokowi dipuncalonaken gubernur DKI Jakarta déning Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDIP).[7] Wonten ing pancalonan kasebat, panjenenganipun dipunpasangaken kaliyan Basuki Tjahaja Purnama utawi Ahok.[7]
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng chaf3
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng chaf2
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng chaf8