Julia Perez | |
---|---|
![]() | |
Lair | Yuli Rachmawati 15 Juli 1980 ![]() |
Pati | 10 Juni 2017 | (umur 36)
Jeneng liya | Julia Perez, Jupe |
Pakaryan | Penyanyi, aktris, modhèl, presenter |
Taun aktif | 1997–2017 |
Bojo | Damien Perez (cerai) Gaston Castano |
Julia Perez (lair ing Jakarta, 15 Juli 1980 – pati ing Jakarta, 10 Juni 2017 ing umur 36 taun iku penyanyi dangdut, modhèl, aktris dan présènter Indonésia. Dhèwèké kerep katon lan foto seksi, mula diarani "bom seks".[1][2] Dhèwèké miwiti karire ing Prancis. Perkenalane karo modhel lanang Damien Perez (Yusuf Perez) kang banjur dadi garwane mbuka kasempatan kanggo dhèwèké tampil minangka modhel kalawarta FHM lan Maxim ing Prancis. Kanthi panampilane ing FHM lan Maxim, Jupe éntuk nominasi 100 wong wadon paling seksi versi kalawarta FHM lan Maxim.[3]
Jenenge wiwit musuwur sawisé dhèwèké meranake pirang-pirang sinétron lan filem layar lebar.[4] Ing sasi April 2008, Julia Perez terjun ing donya dangdut.[5] Dhèwèké banjur rilis album perdanae kang irah-irahane Kamasutra. Ing album iku, Jupe awèh kondom kang diselipake ing samak albume.[6] Sanajan Jupe ngandharake alesan penyertaan kondom ing saben albume iku mung kanggo ncegah panyebaran lelara HIV/AIDS sarta mpromosikake safesex lan Keluarga Berencana (KB),[7] nanging akèh pihak kang nganggep tumindake iku wujud tumindak asusila lan panjurung marang budaya seks bébas.Mantri Pemberdayaan Perempuan, Meutia Hatta ngandharake kanthi terang-terangan yèn tumindake Jupe iku bisa diinterpretasikake minangka panjurung seks bébas.[8] Akibat saka panampilane kang seksi sarta album Kamasutra kang bonus kondom, dhèwèké kerep dicekal ing Indonésia, kaya ing Nusa Tenggara Barat, Riau, Palembang, Balikpapan lan Bengkulu.[9]