Kabiskopan Agung Marseille Archidioecesis Massiliensis Archidiocèse de Marseille | |
---|---|
Lokasi | |
Nagara | ![]() |
Provinsi grejawi | Marseille |
Statistik | |
Amba | 650 km2 (250 sq mi) |
Populasi - Total - Katulik (kalebu non-anggota) | (ing 2013) 1,048,521 715,000 (68.2%) |
Informasi | |
Denominasi | Katulik Roma |
Greja sui iuris | Greja Latin |
Ritus | Ritus Roma |
Didegaké | Abad ping 1 |
Katedral | Basilika Katedral Dewi Maria Gedhe ing Marseille |
Santo/santa pelindung | Santo Lazarus saka Betania |
Kapemimpinan saiki | |
Paus | Fransiskus |
Biskop Agung Metropolitan | Georges Pontier |
Biskop Auksilier | Jean-Marc Noël Aveline |
Biskop emeritus | Bernard Panafieu Biskop Agung Kardinal Emeritus (1995-2006) |
Peta | |
![]() | |
Situs web | |
Situs Web Kabiskopan Agung |
Kabiskopan Agung Marseille (Latin: Archidioecesis Massiliensis; Prancis: Archidiocèse de Marseille) yaiku kabiskopan agung metropolitan Ritus Latin saka Greja Katulik Roma ing Prancis. Tahta kabiskopan kasebut ana ing kutha Marseille, lan kabiskopan kasebut ngeliputi ardondisemen Marseille, subdivisi saka departemen Bouches-du-Rhône ing Kawasan Provence-Alpes-Côte d'Azur.
Miturut kapercayan lokal, Greja Marseille didegake ing abad ping 1, dening Santo Lazarus, wong lanang enom sing diarani ing Injil sing ditangekake saka ing antarane wong seda dening Yesus Kristus dhewe. Kaluwargane datheng menyang Provence sawise Patangen.[1]
Kabiskopan kasebut dimunggahke dadi Kabiskopan Agung ing 31 Januari 1948 dening Paus Pius XII. Suffragan-suffragan saka kabiskopan agung kasebut menika: Kabiskopan Agung Aix, Kabiskopan Ajaccio, Kabiskopan Agung Avignon, Kabiskopan Digne, Kabiskopan Fréjus-Toulon, Kabiskopan Gap, lan Kabiskopan Nice.[2]