Kali Siak | |
Country | Indonesia |
---|---|
State | Riau |
Districts | Siak, Bengkalis, Rokan Hulu |
City | Pekanbaru |
Mouth | |
- elevation | 0 ft (0 m) |
Kali Siak iku sawijining kali kang dumunung ing provinsi Riau. Indonesia. Kali iki ana ing jalur pelayaran internasional. Ing pérangan hulu kali iki ana pabrik-pabrik klapa sawit. Sawijining kreteg, ya iku Kreteg Siak lagi digawé kanggo nyebrangi kali iki, nanging diprotes awit dhuwuré mung 23 mèter saéngga ngalang-alangi arus lalu lintas kapal tanker. Kaanan ing Kali Siak ora béda karo kaanan kali liyané kang lumrahé kena pencemaran lingkungan akibat aktivitas umum utawa anané limbah indhustri. Pencemaran ing Kali Siak wektu iki wis ana ing tataran mbebayani, malah atusan jinis iwak khas kali Siak wis ora tinemokaké manèh ing kali iki.[1].