Sindu | |
Sindh, Sindhu, Hindhu, Abasin, Sengge Chu, Yìndù | |
Countries | China, India, Pakistan |
---|---|
States | Kashmir, Punjab, Sindh |
Source | Confluence of the Sengge and Gar rivers |
- location | Tibetan Plateau, Tibet, China |
Mouth | Sapta Sindhu |
- location | Sindh, Pakistan |
- elevation | 0 m (0 ft) |
Length | 3,200 km (2,000 mi) approx. |
Basin | 1,165,000 km2 (450,000 sq mi) approx. |
Discharge | for Arabian Sea |
- average | Cithakan:Geobox2 unit/discharge approx. |
Kali Sindu {Urdu: سندھ Sindh; Sindhi: سنڌو Sindhu; Punjabi (Shahmukhi: سندھ, Gurmukhi: ਸਿੰਧੂ) Sindhu; Hindi lan Sangsekerta: सिन्धु Sindhu; Pèrsin: Hindhuحندو ; Pashto: Abasin ّآباسن"Bapaké Kali-kali"; Tibetan: Sengge Chu "Kali Singa"; Cina: 印度 Yìndù; Yunani: Ινδός Indos} iku kali kang paling dawa lan wigati ing Pakistan. Kali iki minangka kang paling dawa lan nomer telu gedhé dhéwé ing babagan iliné banyu saben taun, ing anak bawana India (Indian subcontinent). Wong Iggris biyasa njenengaké 'India' kanggo kabèh anak bawana, dhedhasar sebutan kali iki. Asal sumber kali iki ing dhataran Tibetan ing sacedhaké Tlaga Mansarovar. Kali Indus mili ngliwati dhistrik Ladakh ing Jammu & Kashmir lan laladan lor Pakistan, mili terus sabanjuré mangidul tumuju menyang Sagara Arabia cedhak kutha pelabuhan Karachi. Dawané kali watara 3,180 kilomèter (1,976 mil). Laladan kang digaringaké déning kali iki jembaré punjul 1,165,000 km2 (450,000 mil2). Ilèn banyu rata-rata watara 207 km3.
Miwiti saka panggonan kang dhuwur ing donya kanthi lèlèhan ès (glaciers), kali iki mènèhi warna tumrap ékosistem kang wujud alas kanthi hawa kang sedhengan, dhataran lan laladan kang gersang. Bebarengan karo kali Chenab, Ravi, Sutlej, Jhelum, Beas lan kali mati Sarasvati, kali Sindu maujud dadi delta Sapta Sindhu ("Kali Pitu") ing provinsi Sindh ing Pakistan. Kali iki duwé 20 anak kali utama.
Kali Sindu nyadiakaké sumber wigati banyu tumrap ékonomi Pakistan-mligi lumbung pangan {breadbasket) yaiku provinsi Punjab, kang dadi sumber wigati produk tetanèn ing Pakistan, lan Sindh. Tembung "Punjab" iku kombinasi saka tembung basa Pèrsi 'panj' (پنج) lima, lan 'āb' (آب) banyu, kang kanthi barès dadi Lemah utawa tlatah limang kali. Lima kali kang dadi jenengé Punjab mau yaiku, kali Beas, Jhelum, Chenab, Ravi lan Sutlej. Kali iki uga njurung anané indhustri-indhustri gedhé lan cepakan banyu ngombé (potable water) ing Pakistan. Sumber utama banyu Kali Sindu yaiku dumunung ing Tibet; miwiti saka patemon antarané Kali Sengge lan Kali Gar kang mili saka pagunungan Nganglong Kangri lan Gangdise Shan. Sabanjuré Kali Sindu mili tumuju lor-kulon ngliwati Ladakh-Baltistan menyang Gilgit, ing kidulé pagunungan Karakoram. Jeram-jeram Shyok, Shigar lan Gilgit nggawa lèlèhan banyu ès menyang kali utama. Kali iki mbaka sethithik ménggok mangidul, metu saka pebukitan antarané Peshawar lan Rawalpindi. Kali Sindu ngliwati jurang-jurang kang gedhé banget, watara 4,500-5,200 mèter (15,000-17,000 feet) jeroné, cedhak pagunungan Nanga Parbat. Sabanjuré mili alon-alon ngliwati Hazara, lan digawé bendungan ing Wadhuk Tarbela. Kali Kabul nggabung marang kali iki ing cedhak Attock. Sisa rute kali iki menyang sagara yaiku ngliwati dhataran ing tlatah Punjab lan Sind, lan iliné dadi alon-alon lan ménggak-mènggok. Kali iki nggabung karo Kali Panjnad ing Mithankot. Sawisé titik patemon iku, kali iki, sawijining wektu diarani Kali Satnad (sat = pitu, nadi = kali), awit kali mau saiki nggawa banyu saka Kali Kabul, Kali Sindu lan lima kali ing Punjab. Ngliwati Jamshoro, kali iki mungkasi ilèné ing sawijining delta gedhé ing sisih wétané Thatta.
Kali Sindu iku saka sethithik kali ing donya kang duwé arus pasang surut ombak (tidal bore). Sistem Kali Indus iku olèh sumber banyu saka salju lan lèlèhan ès (glacier) saka Karakoram, Hindu Kush lan pagunungan Himalaya ing Tibet, Kashmir lan Pakistan sisih lor. Ilèné kali uga ditentokaké déning mangsa-kurang banget banyuné ing sajeroning mangsa anyep winter, nanging banjir ing mangsa katiga (monsoon), yaiku saka sasi Juli nganti September. Uga ana bukti yèn tansah nggèsèr ilèné wiwit jaman prasajarah-yaiku ménggok mangulon saka arah tumuju menyang Rann of Kutch.