Umumipun, kamlaratan punika kawontenan tiyang ingkang nyandhang gesang mlarat lan boten gadhah bandha utawi arta lan griya. Kanthi ukara sanèsipun, kamlaratan utawi tiyang boten gadhah punika sebatan kanggé tiyang utawi sakempalan tiyang ingkang kekirangan prakawis kagesangan ingkang samurwat. Gesang kecingkrangan (tansah kekirangan) dipuntingali saking prakawis material, inggih punika dhaharan, toya ingkang resik, lan papan padunungan. Kajawi punika, saged ugi katingal saking sumber sosial kados ta aksès informasi, wulang wuruk, kasarasan (kaséhatan), status sosial, lan kakiyatan pulitik.