Bagéyan saka seri artikel ngenani |
Kakristenan |
---|
![]() |
Donga Kanjeng Rama utawi Donga Rama Kawula, ing basa Indonésia Doa Bapa Kami (sok ugi ditepangi mawi kalih tetembungan wiwitan ing Latin Pater Noster, kaliyan ing basa Yunani mawi Πάτερ ἡμῶν), punika donga ingkang wigati piyambak ing agami Kristen. Miturut Prajanjéan Énggal, donga punika dipunparingaken déning Gusti Yésus marang para rasulipun kanggé paugeran dedonga.
Donga punika dipendhet saking kitab Injil Matius (6:9-13), ingkang mijil minangka péranganing Kotbah ing Bukit. Satunggiling donga ingkang mèmper ugi wonten ing kitab Injil Lukas 11:2-4.
Donga Kanjeng Rama ing kalih versi umume kapérang dados kalih pérangan, pérangan sepisanan katujokaké dhumateng Allah Bapa, déné pérangan salajengipun magepokan kaliyan manungsa. Versi Injil Mateus kagungan pitu panjaluk (Latin: petitio; Inggris: petition), déné versi Injil Lukas namung kagungan gangsal panjaluk. Saliyan punika, versi Injil Mateus ugi kadang ngemot satunggaling pérangan tambahan ingkang katujokaké dhumateng Bapa ing pungkasan donga, ingkang sakmenika asring kasebat doksologi. Doksologi punika mungel boten wonten ing vèrsi asli, nanging dipuntambah dhateng Injil amargi panggunaanipun ing liturgi gréja awal.