Karajan Sunda inggih punika karajan ingkang naté wonten antawisipun warsa 932 kaliyan 1579 Masèhi ing Pulo Jawa pérangan kilèn (Provinsi Banten, Jakarta, Jawa Kulon, kaliyan sapérangan Jawa Tengah sapunika).[1] Karajan punika ugi naté nguwasani tlatah pérangan kidul Pulo Sumatera.[1] Karajan Sunda gadhah corak Hindhu kaliyan Buda.[1] Lajeng udakara abad kaping-14, dimangertosi manawi karajan punika kutha krajanipun wonten ing Pakuan Pajajaran, saha gadhah kalih tlatah pelabuhan ing Kalapa kaliyan ing Banten.
- ↑ a b c Geoffrey C. Gunn, (2011), History Without Borders: The Making of an Asian World Region, 1000-1800, Hong Kong University Press, ISBN 9888083341