Karbohidrat

Butir-butir pati, salah siji jinis karbohidrat cadhangan pangan ing tetuwuhan, dideleng mawa mikroskop cahya.

Karbohidrat ('hidrat saka karbon', hidrat areng) utawa sakarida (saka basa Yunani σάκχαρον, sákcharon, ateges "gula") iku sagolongan gedhésenyawa organik kang paling akèh ing bumi. Karbohidrat duwé manéka fungsi sajeroning awak makluk urip, mligi minangka bahan bakar (upamané glukosa), cadhangan pangan (upamané pati ing tetuwuhan lan glikogen ing kéwan), lan materi pambangun (upamané selulosa ing tetuwuhan, kitin ing kéwan lan jamur).[1] Ing prosès fotosintesis, tuwuhan ijo ngowahi karbon dioksida dadi karbohidrat.

Sacara biokimia, karbohidrat iku polihidroksil-aldehida utawa polihidroksil-keton, utawa senyawa kang ngasilaké senyawa-senyawa iki yèn dihidrolisis.[2] Karbohidrat ngandhut gugus fungsi karbonil (minangka aldehida utawa keton) lan akèh gugus hidroksil. Ing awalé, istilah karbohidrat dipigunakaké kanggo golongan senyawa kang duwé rumus (CH2O)n, yaiku senyawa-senyawa kang n atom karboné katon kahidrasi déning n molekul banyu.[3] Sanajan mangkono, ana uga karbohidrat kang ora duwé rumus mangkono lan ana uga kang ngandhut nitrogén, fosforus, utawa sulfur.[2]

Wujud molekul karbohidrat paling prasaja kasusun saka siji molekul gula prasaja kang ingaran monosakarida, contoné glukosa, galaktosa, lan fruktosa. Akèh karbohidrat wujud polimèr kang kasusun saka molekul gula kang karangké dadi ranté kang dawa sarta bisa uga duwé cawang-cawang, ingaran polisakarida, contoné pati, kitin, lan selulosa. Saliyané monosakarida lan polisakarida, ana uga disakarida (rerangkèn loro monosakarida) lan oligosakarida (rangkéyan sapérangan monosakarida).

  1. Campbell, N.A.; Reece, J.B.; Mitchell, L.G. (2002). Biologi (Didhigitalisasi déning Google Panlusuran Buku) (édhisi ka-Edisi kaping 5, Jilid 1, diterjemahaké déning R. Lestari dkk.). Jakarta: Erlangga. kc. hlm. 65–70. ISBN 9796884682, 9789796884681. Dibukak ing 2009-01-30. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. a b Lehninger, A.L. (1997). Dasar-dhasar Biokimia (édhisi ka-Jilid 1, diterjemahaké déning M. Thenawidjaja). Jakarta: Erlangga. kc. hlm. 313.
  3. Kuchel, P.; Ralston, G.B. (2006). Schaum's Easy Outlines: Biokimia (Didhigitalisasi déning Google Panlusuran Buku) (édhisi ka-diterjemahaké déning E. Laelasari). Jakarta: Erlangga. kc. hlm. 1. ISBN 9797812405, 9789797812409. Dibukak ing 2009-01-30. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne