Karya ilmiah (Basa Inggris : scientefic paper) yaiku sawijining laporan sing ditulis lan diterbitaké kanggo nggambaraké asil panalitèn utawa pengkajian sing wis dilakoni déning wong utawa tim kanthi netepi prinsip ilmiah lan paugeran sing wis dianggep bener lan diakoni déning masarakat ilmiah.
Ana werna-werna jinisé karya ilmiah, kalebu laporan risèt, makalah, seminar utawa simposium, lan artikel jurnal sing biasané kabèh iku asil saka panalitèn para ilmuwan. Dhata, dudutan, lan informasi liyané sing ana ing karya ilmiah digunakake minangka sumber kanggo ilmuwan liyané sajroné nindakaké risèt utawa panalitèn luwih lanjut.
Ing perguruan tinggi, utamané tingkat sarjana, para mahasiswa digladhi kanggo gawé karya ilmiah kaya ta makalah, laporan lab, lan tèsis (tugas pungkasan). Tèsis punika adaté minangka panalitèn skala cilik, ananging wis dilakoni kanthi jero. Sauntara kuwi, makalah sing ditugasaké kanggo mahasiswa luwih akèh dadi dudutan lan pamikiran ilmiah mahasiswa sing didhasari kanthi review karya ilmiah sing ditulis déning para ahli ing bidhang ngèlmu kasebut. Laporan praktèk kasebut ditugasaké kanggo mahasiswa minangka dalan supaya bisa ngembangaké kaprigelan nglumpukaké laporan risèt.