Kaskus

Kaskus
Halaman utama Kaskus.co.id
Jinising situs
Forum internet
Portal web
Ana ing basaIndonésia
Kang duwéPT Darta Media Indonésia
Digawé déningAndrew Darwis
Ronald Stephanus
Budi Dharmawan
Situs jaringanwww.kaskus.co.id
DagangYa
Setatus saikiAktif

Kaskus yaiku situs forum komunitas maya gedhé dhéwé lan nomer siji ing Indonésia.[1] Panganggoné diarani Kaskuser.[1] Kaskus lair ing tanggal 6 November 1999 déning telung cah nom yaiku Andrew Darwis, Ronald Stephanus, lan Budi Dharmawan kang lagi nerusaké sekolah ing Seattle, Amérikah Sarékat.[1] Situs iki diatur déning PT Darta Media Indonésia.[1] Kaskus nduwé pratélan panganggo punjul 4,5 yuta kang kadaftar.[1] Panganggo Kaskus lumrahé rumaja nganti diwasa kang asalé saka Indonésia utawa njaba Indonésia.[1]

Kaskus iku singkatan saka Kasak Kusuk, biyèné mung hobi saka kumpulan cilik banjur bisa gedhé nganti saiki.[2] Kang mbukak kaskus punjul 900 èwu wong, jumlah page view punjul 15.000.000 saben dinané.[2] Nganti Juli 2012, Kaskus wis duwé punjul 600 yuta posting.[2]

Miturut Alexa.com ing sasi September 2011 Kaskus manggon ing peringkat 264 lan peringkat 7 situs kang akèh dibukak ing Indonésia.[2]

Tanggal 26 Mèi 2012, Kaskus kena gangguan ing DNS(Domain Name System)yaiku ing domain.us. saéngga, 27 Mèi 2012, Kaskus pindah domain kang asalé.us saiki dadi.co.id lan.com.[2]

  1. a b c d e f Sejarah Kaskus Archived 2012-11-23 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 20 Oktober 2012)
  2. a b c d e Kaskus ganti domain (dipunundhuh tanggal 20 Oktober 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne