Kayu putih

Kayu putih
Kayu putih dari Koehler
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Myrtales
Famili: Myrtaceae
Génus: Melaleuca
Spésies: M. leucadendra
Jeneng binomial
Melaleuca leucadendra
(L.) L.

Kayu putih (Melaleuca leucadendra) wis dikenal ning masarakat désa atawa kutha kanggo ngurangi abuh lan nyeri [1]. Lenga kayu putih, kasil saka kayu putih iku uga wis dadi salah sawijining produk kahutanan kang kondhang[2] Kabèh saka bagiané kayu putih bisa dimanfaatké, saka kulitkayuné,godhong, epang lan uwohé bisa dimanfaatké dadi obat[1]. kayu putih bisa digunakaké kanthi cara diremes lan ditempelaké marang awak kang lara, atawa diombè banyu godhoganné[1]. Lenga Kayu Putih iku lenga atsiri kang disuling godhongé lan epang saka tuwuhan kayu putih (Melaleuca leucadendron)[3]. Tuwuhan iki ana ing laladan Indonésia Wétan lan Australia Lor, lan ning laladan liya kang duwé mangsa katiga kang jelas[3]. Minyak kayu putih gampang ngabar [3]

  1. a b c EFEK ANALGETIKA EKSTRAK ETANOL DAUN KAYU PUTIH (Melaleuca Ieucadendron L) PADA MENCIT JANTAN Archived 2010-12-29 at the Wayback Machine. dipununduh tanggan 18 April 2011
  2. STANDARISASI & LINGKUNGAN HUTAN Archived 2011-10-06 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 20 April 2011
  3. a b c Pengujian Mutu Cajuput Oil dipununduh tanggal 18 April 2011

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne