Kembang

Sawijining poster kanthi rolas spésies kembang kang béda-béda familiné
Salah sawijining Jinis kembang

Kembang (flos) (Krama: sekar, Kawi: wunga) iku struktur reprodhuksi sèksual tetuwuhan ngembang (divisio Magnoliophyta utawa Angiospermae, "tetuwuhan wiji katutup"). Ing kembang ana organ reprodhuksi (benang sari lan putik). Kembang sadina-dina uga dianggo nyebut struktur kang kanthi botani diarani kembang majemuk utawa inflorescence. Kembang majemuk iku kumpulan kembang-kembang kang ngumpul ing sakroncèn. Ing kontèks iki, ékan kembang kang nyusun kembang majemuk diarani floret.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne