Kemis Putih | |
---|---|
![]() Bujana Mistik, Ikon karya Simon Ushakov (1685). | |
Uga ingaran | Kemis Suci Covenant Thursday Kemis Agung lan Suci Thursday of Mysteries |
Dipèngeti | Kristen |
Jinis | Kristen / Sipil |
Ancas | mèngeti Bujana akir Yesus Kristus |
Pèngetan | Layanan ngibadah / Misa; distribusi Maundy money |
Tanggal | Masalah skrip: Fungsi "getRawValue" ora ana.Cithakan:Infobox holiday/wd |
Tanggal ing 2025 | |
Gegayutan | Minggu suci |
Kemis Putih iku Kemis sadurungé Paskah, ing Dina Riyaya Minggu Suci iki umat Kristen mèngeti Bujana wengi akir kang dibawahi Yesus.[1] Dina iki wujud salah siji dina paling wigati sajeroning kalèndher Gréja.[2] Iki wujud dina pisanan saka dina riyaya Paskah, kang diwiwiti jam enem soré, lan suwéné pitung dina.[1] Dina kemis putih iki uga diarani Kemis Suci (Inggris: Holy Thursday)[1]
Ritual Bujana Wengi sawisé iki ing saben misa utawa kebaktian dipèngeti minangka riyaya Ékaristi utawa bujana suci.[2] Ing misa wengi iki, romo uga ngumbah sikil umat minangka pèngetan Yesus kang ngumbah sikil para muridé sajeroning bujana akir, leladiné Yesus ing donya sadurungé sédané.[2]