Ken Chu | |
---|---|
![]() | |
Jeneng Cina | 朱孝天 |
Pinyin | Zhū Xiàotiān (Mandarin) |
Asal | Republic of China (Taiwan) |
Pakaryan | actor, singer, model |
Genre | Mandopop, Rock music |
Label(s) | Sony Music Taiwan |
Taun aktif | 2000–present |
Associated acts | F4 |
Ken Chu lair tanggal (Taiwan, dhèwèké iku penyanyi, aktor lan komposer ning Taiwan, dhèwèké uga anggota saka 4F.[1] Priya kang tau kerja dadi pegawae ning restoran Taiwan iki mbiyené tau nempuh pemdidikan ning Boon Lay Secondary School, Singapura.[1]
15 Januari 1979 ningNalika dhèwèké ddai pelayan ning restoran Taiwan, dhèwèké ketemu karo prodhuser kang jenengé Cai Zhiping, prodhuser kang dadi pambentuk grup musik kang kondhang, ya iku boy band F4.[1][2] Awit iku dhèwèké miwiti nyanbut gawé ning donya entertainment kanthi cara paruh wektu dadi asisten para artis.[1] Dhèwèké akiré wiwit tampil ning acara-acara drama serial kang nganteraké dhèwèké maring tingkat kasuksesan kang luwih dhuwur.[1] Dhèwèké tampil ning serial televisi kang judhulé Meteor Garden lan serial lanjutané Meteor Garden II.[2] Ning filem meteor garden pisan lan meteor garden kang kaping loro, dhèwèké mainaké peran bebarengan karo Jerry Yan, Vic Chu, Vanness Wu.[1][2]
Ning taun 2003, dhèwèké ddai pemeran utama ning filem kang judhulé Sky of Love, uga ning filem kang judhulé The Tokyo Trial kang diluncuraké ning taun 2006.[1] Ning donya tarik suara, dhèwèké ngerilis album solo kaping pisanané kang judhulé On Ken’s Time ning taun 2005.[1] Ora namung iku, dhèwèké uga tau nulis buku resep masakan kang dijuduli Mèi Wei Guan Xi (Delicious Relations) nalika tanggal 5 Januari 2006.[1] Buku mau dirilis ning Cina nalika tanggal 4 Juli 2006 lan uga dipasaraké ning Jepang patang wulan sawisé nyebar ning pasaran Cina.[1]
Ning tanggal 24 lan 25 Fèbruari 2007, dhèwèké nggelar konser solo kaping pisanané ning Jepang.[1] Konser mau diadani ning Tokyo International Forum Hall A lan bertajuk 2007 [I-KEN] 1st Concert.[1] Ning sasi Dhésèmber 2007, dhèwèké karo Iza Calzado ning filem Filipina kang judhulé Batanes: Sa Dulo ng Walang Hanggan (Batanes: Love Has No Borders) garapan sutradara Adolf Alix, produksi Ignite Media Films.[1]