Kepala Staf Angkatan Dharat utawa dicekak KSAD, iku jabatan sajeroning Tentara Nasional Indonésia (TNI) kang dadi pemimpin Angkatan Dharat. Kalungguhan jabatan KSAD iku ana ing sangisoré, lan tanggung jawab marang Panglima TNI. Kepala Staf Angkatan Dharat lan Kepala Staf Angkatan liyané diangkat lan dipungkasi déning Présidhèn kanthi usul Panglima TNI.