Ketapang (tuwuhan)

Terminalia catappa
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Myrtales
Famili: Combretaceae
Génus: Terminalia
Spésies: T. catappa
Jeneng binomial
Terminalia catappa
L.

Ketapang utawa Terminalia catappa iku sawijining tuwuhan gedhé tropis sing kalebu family Combretaceae. Asalé wit Kepatang isih dadi kontroversi, bisa uga saka India, Ujung Malaya, utawa Nugini. Jeneng umum antarané Indian almond, Bengal almond, Singapore almond , Malabar almond, Tropical almond, Sea almond, lan Umbrella tree.

godhong Ketapang sadurungé palastra ing Kalkuta, Bengali Kulon, India.

Wit iki tuwuh dhuwuré nganti 35 m, kanthi tajuk kang tegak simètri lan pang-pangé horisontal. Yèn wité wis rada tuwa, tajuké dadi rata awangun vas. Godhong-godhongé amba, dawané 15–25 cm lan ambané 10–14 cm, lonjong, warna ijo tuwa mengkilap. Wit iki godhongé padha palastra ing mangsa panas; sadurungé rontok, wernané dadi semu abang utawa kuning-coklat, amarga anané dat pigment kaya violaxanthin, lutein, lan zeaxanthin.

Pang lan godhong Ketapang ing Kalkuta, India.

Kembangé ana loro ya iku lanang lan wadon ing wit sing padha. Kaloroné duwé diamèter 1 cm, warna putih rada ijo. Wohé dawané 5–7 cm lan ambané 3-5.5 cm, ijo nalika isih enom banjur malih dadi kuning lan pungkasané abang nalika wis mateng, kanthi wiji tunggal.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne