Kimono

Kimono kang dianggo nalika ngantenan diarani shiromuku
Kimono gegambaran

Kimono (着物?) yaiku sandhangan tradhisional Jepang.[1] Kimono tegesé klambi utawa barang kang dianggo (ki tegesé anggo, lan mono tegesé barang).[1]

Jaman saiki, kimono dhapuré kaya huruf "T", mirib mantel kang lengené dawa lan ana krahé.[1] Dawané kimono digawé nganti ing sikil pérangan ngisor.[1] Wong wadon kang nganggo kimono dhapuré klambiné yaiku klambi terusan, nanging wong lanang nggunakaké kimono kang dhapuré stelan.[1] Krah pérangan tengen kuduné ana ing ngisor krah pérangan tengen.[1] Sabuk kain kang diarani obi dianggo ing pérangan weteng utawa bangkékan lan ditaléni ing pérangan geger.[1] Nalika nganggo kimono uga kudu nganggo zōri utawa geta kanggo nutup tlapakan sikil.[1]

Kimono saiki luwih kerep dianggo wong wédok.[1] Kimono dianggo nalika ana acara-acara kang mirunggan.[1] Wong wadon kang durung kawin nganggo kimono kang diarani furisode.[1] Ciri khas furisode yaiku lengené kang amba meh tekan ngisor.[1] Wong wadon kang umuré wis 20 taun nganggo furisode kanggo nekani seijin shiki.[1] Wong lanang nganggo kimono ing riyaya nganténan, upacara ngombé teh, lan ing acara] formal liyané.[1] Nalika ing njaba panggonan sumo, pesumo kang profésional kudu nganggo kimono.[2] Bocah-bocah nganggo kimono nalika nekani acara karaméan Shichi-Go-San.[1] Saliyané iku kimono uga dianggo wong kang kerja ing babagan indhustri jasa lan pariwisata, pelayan wadon ing rumah makan tradhisional (ryōtei) lan pegawé panginepan tradhisional (ryokan).[2]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o Tentang kimono hanamiweb.com(dipunundhuh tanggal 2 Juni 2011)
  2. a b [Sharnoff, Lora,Grand Sumo.1993.Weatherhill.isbn=0-8348-0283-x}}

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne