|
Dina Kiyamat (Arab: يوم القيامة) yaiku dina nalikane kabeh samubarang ing donya lan kabeh jagat raya bakal ajur lan sawise iku manungsa ditangekake saka alam kubur menyang alam akhirat kanggo nampa pangadilan saka Allah.
Iman marang dina kiyamat tegese kita yakin kanthi temen-temen yen ing sawijining dina mengko jagat raya lan isine iki bakal purna/rampung. Nalika iku manungsa mesthi bakal ditangekake saka alam kubure tumuju alam akhirat kanggo nanggeljawab kabeh pakaryane lan nampa pangadilan saka Allah.
Percaya lan yakin dina kiyamat kalebu sendi-sendi kaimanan kang banget penting ing akidah Islam. Amarga iku, wong kang ora percaya dina kiyamat kalebu wong kang ora iman. Allah nerangake mesthi anane dina kiyamat ing Kuran:
وَأَنَّ ٱ لسَّاعَةَءَاتِيَةٌلاَّرَيْبَ فِيهَاوَأَنَّ ٱللَّهَ يَبْعَثُ مَن فِى ٱلْقُبُورِ
Tegese:
"Lan satemene dina kiyamat iku mesthi bakal tumeka, ora ana mangu-mangu kanggo iku, lan yen satemene Allah bakal nangekake kabeh wong ing njero kubur." (Q.S.al-Hajj:7)
Panguripan kang langgeng yaiku panguripan ing akhirat. Wong kang iman yakin benere Islam saengga panguripan ing akhirat dadi tujuan utamane. Imane marang panguripan langgeng ing akhirat kabukten dening taate marang ajaran Islam amarga panguripan donya iki mung sauntara.