Klimatologi (saka basa Yunani κλίμα , klima, "papan, zona"; lan -λογία , -logia, artiné ilmu) utawa ilmu iklim minangka paneliten ilmiah babagan iklim, kanthi ilmiah sing ditemtokaké minangka kahanan cuaca sing dirata-rata sajroné wektu.[1] Klimatoligi duwé kaitan karo deskripsi iklim lan analisis panyebab bedaning iklim, perubahan lan konsekuensi praktisé.[2] Bidang studi moderen iki dianggep minangka cabang ilmu alam lan lapangan geografi fisik, sing dadi salah sawijining ilmu Bumi. Klimatologi saiki kalebu aspèk-aspèk kelautan lan biogéokimia. Model iklim digunakaké kanggo macem-macem tujuan wiwit sinau babagan dinamika cuaca lan sistem iklim nganti prakiraan iklim mbesuk. Cuaca dikenal minangka kondhisi atmosfer sajroné sawetara wektu, dene iklim ana hubungané karo kahanan atmosfer sajroné wektu sing ora suwé.[3]
|url=
value. Empty. Retrieved on 23 November 2006.