Koentjaraningrat | |
---|---|
Barkas:Koentjaraningrat.jpg Koentjaraningrat | |
Lair | 15 Juni 1923 Yogyakarta, Indonésia |
Pati | 23 Maret 1999 Jakarta, Indonésia |
Bangsa | Indonésia |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Antropologi |
Koentjaraningrat atawa kulina diaroh-arohi Pak Koen (1923–1999) ya iku antopolog saka Yogyakarta, Indonésia lan kondhang minangka “Bapak Antroplogi Indonésia”.[1] Pak Koen dikirim ibuné ing sekolah Walanda, mula dhéwèké wis naté pendhidhikan ala wong Kulon (Barat). Dhéwèké uga wis naté nyambut gawé ing Muséum Nasional nalika Perang Donya kaping loro.[2] Ing taun 1945, Pak Koen pindhah menyang Yogyakarta amarga kanggo gabung ing Républik Indonésia. Sabanjuré dhéwèké ngajar ing Universitas Gadjah Mada. Dhéwèké milih sinau antropologi amarga kanggo kuliah ing Amérikah Sarékat sinau antropologi. Lan dhèwèké diundang déning Univérsitas Yalé. Ing kana, dhèwèké diajar déning G.P. Murdock lan lulus MA ing taun 1956. Pak Koen diundang manèh marang Indonésia lan nglebokaké skéma oriéntasi nilai Kluckhohn ing antropologi. Taun 1957, Pak Koen ngadegaké departemén antropologi kapisan ing Universitas Indonésia. Taun 1954, dhèwèké ngadegaké Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia (LIPI), lembaga panelitian kang kapisan ing Indonésia.[2]