Républik Kosovo Républika e Kosovës Република Косово Républika Kosovo | |
---|---|
![]() Kadhudhukan Kosovo ing Éropa | |
Kuthagara | Priština 42°40′N 21°10′E / 42.667°N 21.167°E |
Jawatbasa | Basa Albania, Serbia |
Recognised regional languages | Basa Turki, Gorani, Romani, Bosnia |
Budayawangsa (2007) | 92% Orang Albania 5.3% Serb 2.7% lain-lain [1] |
Wangsanama | Wangsa Kosovar, Kosovan |
Papréntahan | Républik Parlemèntèr |
• Présidhèn | Hashim Thaçi |
• | Isa Mustafa (PDK) |
Jakup Krasniqi | |
Kamardikan saka Serbia | |
• Dinyatakaké | 17 Fèbruari 2008 |
• Diakoni (déning 17 nagara) | 18 Fèbruari 2008[2][3][4] |
• Banyu (%) | n/a |
Population | |
• Pikira-kira 2005 | 2.2 yuta (-) |
Artacihna | Euro (€)2 (EUR) |
Laladan wektu | UTC+1 (CET) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 (CEST) |
TLD internèt | durung ana |
|
Kosovo (basa Albania: Kosova utawa Kosovë, basa Serbia: Косово, alihaksara: Kosovo) iku wewengkon kang dumunung ing Éropa sisih kidul-wétan. Kosovo wewatesan karo nagara Serbia ing sisih lor, Montenegro ing sisih kulon, sarta Albania lan Républik Makédonia Lor ing sisih kidul. Sadurungé, Kosovo minangka sawijining provinsi otonom ing nagara Serbia, ing sangisoré administrasi PBB, nanging nalika tanggal 17 Fèbruari 2008 Kosovo ndhéklarasèkaké kamardikan kanthi sapihak.[5] Déklarasi iki ora disarujuki déning Serbia, nanging dijurung déning nagara-nagara Kulon. Kutha krajan Kosovo yaiku kutha Priština. Kamardikan Kosovo wis diakoni kanthi resmi déning sawatara nagara-nagara, ing antarané yaiku Albania, Amérika Sarékat, Karajan Manunggal, Prancis, lan Turki. Nagara kang nulak kamardikan Kosovo antarané Républik Rakyat Cina, Ruslan, lan Serbia. Indonésia durung ngakoni kamardikané. Departemen Luar Negeri Indonésia nyatakaké yèn Indonésia kudu ati-ati ngakoni kamardikan Kosovo.[6]
Kosovo dadi papan pasulayan wewengkon kang isih lumaku antara pamaréntah Serbia lan sing ndunungi kang mayoritas dumadi saka ètnis Albania. Wektu madegé nagara Yugoslavia, Kosovo dadi provinsi Serbia kanthi status Laladan Otonomi Khusus. Nanging wiwit Perang Kosovo wis ana ing sangisoré pangawasan PBB minangka sawijining tlatah protektorat.