Kresna Cithakan:Sanskerta mawa aksara Déwanagari iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu, awujud priya kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Sajeroning seni lukis lan reca, lumrahé Kresna digambaraké pinuju main suling sinambi ngadeg kanthi sikil sing ditekuk. Legendha Hindhu sajeroning kitab Purana lan Mahabharata mratélakaké yèn Kresna iku putra kawolu Basudewa lan Dewaki saka krajan Surasena, krajan mitologis ing India Lor. Lumrahé, Kresna dipuja minangka awatara (inkarnasi) Déwa Wisnu kawolu antarané sepuluh awatara Wisnu. Sajeroning sawatara sekte Hindhu, upamané Gaudiya Waisnawa, Kresna dianggep manifèstasi saka bebener mutlak, utawa pawujudan Tuhan,[1] lan sajeroning tafsiran kitab-kitab sing mengatasnamakan Wisnu utawa Kresna, kaya Bhagawatapurana, Kresna dimuliakaké minangka Kapribadèn Tuhan Sing Maha Tunggal.[2] Sajeroning Bhagawatapurana, Kresna digambaraké minangka sosok bocah angon anom sing mahir main suling, déné sajeroning wiracarita Mahabharata Kresna misuwur minangka sosok pemimpin sing wicaksana, sekti, lan mrabawani. Saliyané iku Kresna misuwur uga minangka tokoh sing mènèhi ajaran filosofis, lan umat Hindhu yakin Bhagawadgita minangka kitab sing ngamot kutbah Kresna marang Arjuna ngenani èlmu rohani.