Aksara Latin
|
Kunir | |
---|---|
![]() | |
Curcuma longa | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Ordho: | Zingiberales |
Famili: | Zingiberaceae |
Génus: | Curcuma |
Spésies: | C. longa |
Jeneng binomial | |
Curcuma longa Linnaeus[1] |
Kunir (basa Indonésia: Kunyit, basa Inggris: Turmeric basa Latin: Curcuma longa) iku sajinis tetuwuhan empo-empon taunan saka kulawarga jaé, Zingiberaceae.[2] Tuwuhan iki asli saka tlatah Asia Kidul lan mbutuhaké temperatur antara 20 °C lan 30 °C lan kudu cukup curah udan taunan supaya bisa urip.[3] Tetuwuhan iki dipanèn saben taun lan dijupuk uwiné.