Ngayogyakarta | |||
---|---|---|---|
Kutha | |||
![]() Saka kiwa ndhuwur banjur mèlu lakuné dom jam: Tugu Yogyakarta, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Dalan Maliyabara, Universitas Gadjah Mada, Bank Indonesia Ngayogyakarta, Golek Ayun-Ayun | |||
| |||
Peparab: Kutha Pelajar, Kutha Budaya, Kutha Gudheg | |||
Sesanti: Amemayu Ayuning Bawana | |||
![]() Pernahé ing Daerah Istimewa Yogyakarta | |||
Pernahé ing Pulo Jawa lan Indonésia | |||
Koordhinat: 7°48′5″S 110°21′52″E / 7.80139°S 110.36444°EKoordhinat: 7°48′5″S 110°21′52″E / 7.80139°S 110.36444°E | |||
Nagara | Indonésia | ||
Provinsi | Daerah Istimewa Yogyakarta | ||
Kacamatan | |||
Pamaréntahan | |||
• Walikutha | Haryadi Suyuti | ||
• Wakil walikutha | Heroe Purwadi | ||
Laladan | |||
• Kutha | 46 km2 (18 sq mi) | ||
• Métro | 2.159,1 km2 (833,6 sq mi) | ||
Élepasi | 113 m (371 ft) | ||
Cacah warga (2016) | |||
• Kutha | 412.331 | ||
• Pepadhet | 9,000/km2 (23,000/sq mi) | ||
• Métro | 4.010.436 | ||
• Pepadhet métro | 1,900/km2 (4,800/sq mi) | ||
Dhémografi | |||
• Agama[1] | Islam 83.22% Katulik 9.39% Protèstan 6.26% Buda 0.29% Hindhu 0.20% Kong Hu Cu 0.02% Liyané 0.01% | ||
Zona wektu | WIK (UTC+7) | ||
Kodhe laladan | (+62) 274 | ||
Plat montor | AB | ||
HDI | ![]() | ||
Situs wèb | www |
Kutha Ngayogyakarta (Jawa: ꦏꦸꦛꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ, Pegon: كوڟا ڠايَوڮياكارتا) utawa cekaké Kutha Yogya iku kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kutha iki naté dadi kutha krajan Indonésia ing jaman révolusi. Kajaba iku kutha iki minangka kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta, kang dipanggedhèni déning Sri Sultan Hamengkubuwana X lan Sri Paduka Paku Alam X. Ngayogyakarta kaloka minangka kutha pelajar, amarga amèh 20% kang ndunungi produktifé wujud pelajar lan ana 137 pawiyatan luhur. Pawiyatan luhur kang diduwèni pamaréntah antarané Universitas Gadjah Mada, Universitas Negeri Yogyakarta, Institut Seni Indonésia Yogyakarta lan Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga.
Pérangan saka Kutha Ngayogyakarta, ya iku Kuthagedhé, tau dadi punjer Kasultanan Mataram antara 1575-1640. Kraton (Pura) Sultan kang isih duwé fungsi sajeroning makna kang sakbeneré ya iku kraton Kasultanan Ngayogyakarta, kang dadi pecahan saka Mataram.