Lee Yong-dae

Lee Yong Dae


Jeneng lair 이용대
Papan lair Gwangju, Jeonnam, Korea Kidul
Tanggal lair 11 September 1988
Umur 31 taun
Alamat omah Hwasun, Jeonnam, Korea Kidul
Dhuwur badan 176 cm
Debut Internasioal Germany Open
Profesional wiwit 2005, German Open
Pemain Nasional wiwit 2003
Panganggoné tangan tengen
Main minangka Ganda putra
Akun instagram @leeyongdae_official

Lee Yong Dae (lair ing Gwangju, Jeonnam, Korea Kidul, 11 September 1988; umur 31 taun) ya iku atlit badminton kang asalé saka Korea Kidul. Lee Yong Dae duwé jeneng lair Lee Young Dae (이용대). Rangking dunia 46 lan rangking tour dunia 42. Lee Yong Dae iku salah sawijining lègénda atlit badminton ganda putra Korea Kidul kang tekan seprénè isih aktif. Miwiti main badminton nalika umur 8 taun. Lee Yong Dae anggoné namplek nganggo tangan tengen. Alesan Lee Yong Dae milih badminton minangka ulahraga kang disenengi ya iku amarga lumantar badminton dhèwèké bisa ngedhunaké bobot awak.[1] Lee Yong Dae iku salah sawijining atlit badminton kang kerep dadi juwara. Acara kang kerep dijuwarani déning Lee Yong Dae ing antarané kajuwaraan olimpiadhe, kajuwaraan donya, lan Asian Games. Lee Yong Dae uga uwis tau dadi atlit rangking 1 sadonya nalika main dadi pasangané Yoo Yong Seong (Januari 2009). Minangka Brand Ambassador saka Yonex mula rakèt kang dinggo karo Lee Yong Dae ya iku Yonex, ananging uwis tau uga dhèwèké nganggo rakèt Victor kanthi seri Brave Sworld LYD.  Lee yong dae miwiti dadi atlit badminton minangka ganda campuran (2008) bareng karo Lee Hyo-jung. Lee Yong Dae naté mandheg dadi atlit nasional Korea Kidul nalika taun 2017 sawisé main ing Olimpiadhe Rio De Janerio lan main menèh dadi atlit professional ing taun 2018 bareng karo pasangan anyaré ya iku Ki Gi Jung.[2] Lee Yong Dae iku minangka atlit professional wiwit tahun 2005 ana ing acara German Open.

  1. "LEE Yong Dae | Profile". bwfbadminton.com. Dibukak ing 2019-01-07.
  2. Media, Kompas Cyber (2017-02-13). "Lee Yong Dae Akan Menikah dan Kembali dari Pensiun". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-01-07.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne