Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Cithakan:Politics of Indonésia
Lembaga nonstruktural (utawi ingkang asring dipuncekak LNS) inggih punika lembaga nagara ing Indonésia ingkang dipunbentuk kanggé nindakaken fungsi sektoral saking lembaga papréntahan ingkang sampun wonten.[1] LNS gadhah tugas kanggé paring pertimbangan dhateng présidhèn utawi mantri, utawi kanggé koordinasi utawi lampahing kegiyatan tartamtu utawi mbiyantu tugas tartamtu saking satunggaling kamentrian. LNS asipat nonstruktural, tegesipun inggih punika boten kalebet wonten ing struktur organisasi kamenrian utawi lembaga pamaréntah nonkementerian. Kepala LNS padatanipun dipuntemtokaken déning Présidhèn, nanging LNS botens saged dipunpandhegani ugi déning mantri, utawi wakil présidhèn, utawi présidhèn piyambak. Déné nomenklatur ingkang dipun-ginakaken ing antawisipun inggih punika "dewan", "badan", "lembaga", "tim", lan sanès-sanèsipun.