Lempongan Penyu ya iku pasisir kang ana ing Kabupatèn Cilacap.[1] Manggon ana ing Kacamatan Cilacap Kidul dohé antarané 2 km arah wétan saka Kota Cilacap.[1] Tumuju lempongan penyu bisa nganggo kendharaan dhéwé utawa nganggo angkudan umum bis.[1] Lempongan penyu duwé amba antarané 18 km lan pemandhangan kang apik.[2] Sacedhaké lempongan penyu uga ana panggon plesiran Nusa kambangan lan Bèntèng Pendem.[2] Lempongan Penyu dadi obyèk plesiran andhalan saka Kabupatèn Cilacap.[3] Lempongan Penyu dadi panyumbang pemasukan laladan kang diandelaké Kabupatèn Cilacap.[3] Telatah Lempongan Penyu biyasa ditekani para wisatawan kang mligi masarakat sekitaré lan uga wisatawan lokal.[4] Sing paling favorit saka lempongan penyu ya iku ana ing pelabuhan perikanan Samudera.[4] Wisatawan utawa pengunjung uga bisa langsung ndelok Pulau Nusakambangan saka pinggir pasisir.[4] Lempongan Penyu duwé ciri khas kang béda saka pasisir-pasisir liyané.[5] Ciri khas lempongan penyu kang dadi péranganing pasisir kidul ya iku pasir irenge.[5] Kejaba saka iku ciri khas saka lempongan penyu ya iku ombak kang gedhé.[5] Lempongan penyu uga bisa kanggo langèn amarga keamanan ana ing lempongan penyu wis disiapaké tim SAR Wijayakusuma.[5]