Lintang utawa wintang iku benda langit kang bisa mancaraké cahya dhéwé. Miturut ngèlmu astronomi, dhéfinisi lintang yaiku: Kabèh benda masif (duwé massa antarané 0,080,08 nganti 200200 massa srengéngé) kang bisa mbangkitaké ènergi liwat prosès réaksi fusi nuklir. Dadi lintang katai putih lan lintang netron kang wis mati tetep bisa diarani lintang. Lintang paling cedhak karo Bumi yaiku srengéngé kang leté ± 149,680,000 kilomèter, banjur lintang Proxima Centauri ing rasi lintang Centaurus, leté ± 4 taun cahya.