Little Fish | |
---|---|
![]() Little Fish film poster | |
Disutradarani | Rowan Woods |
Diprodhuseri | Vincent Sheehan Liz Watts Richard Keddie |
Ditulis déning | Jacquelin Perske |
Dibintangi | Cate Blanchett Sam Neill Hugo Weaving |
Dibesut déning | Alexandre de Franceschi John Scott |
Dibabar déning | First Look Pictures Releasing |
Tanggal metu | 8 September 2005 (Ostrali) |
Suwéné | 114 menit |
Nagara | Ostrali |
Basa | Basa Inggris Basa Viètnam |
Little Fish punika filem sandhiwara saking Australia ingkang kadamel taun 2005. Filem punika dipunsutradarani déning Rowan Woods, dhedhasar skénario anggitanipun Jacquelin Perske. Ingkang maragani filem punika antawisipun Cate Blanchett, Sam Neill, lan Hugo Weaving. Pamundhutan gambar filem punika kacakaken wonten saindhengipun Kutha Sydney, Cabramatta lan Fairfield. Wondéné juru damel filem punika dipunayahi déning Vincent Sheehan lan Liz Watts saking Porchlight Films sesarengan kaliyan Cate Blanchett lan Dirty Films kagunganipun Andrew Upton.[1] Little Fish dipunbabar sesarengan kanggé sagung pamirsa ing Australia surya 8 Sèptèmber 2005 lan panèn pangalembana saking para pamirsa, sarta juru kritik.