Lokomotif iku péranganing rangkean sepur kang duwé mesin kanggo ngobahaké sepur. Lumrahé lokomotif dumunung ing ngarep sajeroning siji rangkéan sepur. Operator saka lokomotif karan masinis. Masinis nglakokaké sepur dhedhasar préntah saka pusat pengendali perjalanan sepur liwat sinyal kang dumunung ing pinggir jalur ril sepur.