Lutung | |
---|---|
![]() | |
Langur Francois | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mamalia |
Ordho: | Primates |
Famili: | Cercopithecidae |
Génus: | Trachypithecus Reichenbach, 1862 |
Spésies tipe | |
Trachypithecus auratus Lutung Budeng | |
Spesies | |
17, baca téks |
Lutung duwé dasanama Langur, Budeng, Petu, Hirengan (Langur ana ing basa Hindi duwé arti buntut sing dawa).[1] Lutung duwé rambut warna ireng lan sithik warna pérak.[1] Nang endhasé ana jambulé.[1] Dawané lutung saka endhas nganti sikil kira-kira 50 cm, dawa buntuté 70 cm, aboté lutung kira-kira 6 kg.[1] Lutung urip nggerombol antarané 6-23 akéhé.[1] Ing saben grombol ana lanangané sing dadi pimpinané.[1]