Macan

Macan
Macan Sumatra (P. tigris sumatrae)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Felidae
Génus: Panthera
Spésies: P. tigris
Jeneng binomial
Panthera tigris
(Linnaeus, 1758)
Sajarah laladan panyebaran macan (kuning pucet) lan status ing taun 2006 (ijo).[2]
Sinonim

Macan (Krama: sima, Kawi: arimong, rimong, mong), ing basa Latin dipunwastani Panthera tigris,[3] punika sato ingkang kagolong kulawargi Felidae utawi jinis kucing. Macan lumrahé mburu mangsané nganggo cakar lan taringé.[3] Macan mlayuné cépet banget. Mangsané macan kalebu kéwan kang rada gedhé, kaya ta rusa sambar, kidang, babi, lan kancil.[3] Saliyané kéwan-kéwan mau, macan uga seneng mburu kéwan-kéwan cilik kaya ta landak yèn kéwan gedhé wis ora ana.[3] Sanajan saka famili kang padha, nanging macan béda karo kucing. Kucing luwih cilik saka macan.[3] Macan kalebu kéwan kang seneng nglangi nanging kucing kalebu kéwan kang wedi banyu. Macan kêrêp dianggêp mung bangsané Leopard lan sak jinise, padahal aran macan iku sakjane kanggo tiger.[3]

  1. Panthera tigris
  2. Save The Tiger Fund | Wild Tiger Conservation
  3. a b c d e f Liputan 6.com(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne