Masakan Kadhaton Dinasti Joseon | |
---|---|
![]() | |
Hangul | 조선왕조 궁중요리 |
Hanja | 朝鮮王朝 宮中料理 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Joseon Wangjo Gungjung yori |
McCune–Reischauer | Chosŏn Wangcho Gungchung yori |
Masakan Kadhaton Dinasti Joseon utawi Joseon Wangjo Gungjung Yori inggih punika kulinèr tradhisional ingkang dipunkonsumsi déning kulawarga astana Dinasti Joseon, karajan ingkang mimpin Koréa saking taun 1392 – 1910. Kondhangipun kulinèr punika inggil malih nalika pungkasan abad punika. Wonten 12 jinis dhaharan ingkang dipunsajèkaken kaliyan sekul lan sop. Sapérangan ageng masakan punika dipunsajèkaken wonten ing piranti mirunggan ingkang kadamel saking metal perunggu (bangjja). Set masakan, sekul, lan sop dipunwastani sura sarta padatanipun lauk paukipun dipundamel kategori kados wonten ing ngandhap punika :