Masjid Agung Demak | |
---|---|
![]() Masjid Agung Demak | |
Informasi umum | |
Prenah | Désa Kauman Demak, Jawa Tengah, Indonesia |
Afiliasi agama | Islam |
Deskripsi arsitektur | |
Jinis arsitèktur | Masjid |
Gaya arsitektur | Art Nouveau |
Masjid Agung Demak punika salah satunggaling masjid ingkang paling sepuh ing Indonésia. Masjid punika mapan wonten ing tengah kutha Demak, leresipun dhusun Kauman, Demak, Jawi Tengah. Masjid punika dipunpitadosaken naté dados panggénan kempal para ulama (wali) panyebar agami IslamIslam, ingkang kasebat Walisanga, kanggé ngrembag panyebaran agami Islam ing Tanah Jawi lan IndonesiaIndonesia. Miturut Babad Demak, Masjid Agung Demak madegipun taun 1399 Saka 477M, ingkang dipunpratandhani kanthi Candrasengkala ingkang ungelipun Lawang Terus Gunaning Janmi. Ing pérangan sanèsipun inggih punika ing mihrab masjid wonten gambar bulus, (ing basa latinipun kasebat Trionyx cartilagineus) lan dados perlambang taun 1401 Saka (1479 M). Wangunan ingkang dipundamel saking kajeng jati, ukuran 31 x 31 m. Lan serambinipun gadhah ukuran inggih punika wiyaripun 31 x 15 m lan kapérang dados sekawan (4) saka (cagak), ingkang kadamel saking kajeng lan asring kasebat Saka Guru. Payonipun kapérang dados tigang undhakan inggih punika ndadosaké perlambang Iman , Islam , kaliyan IhsanIhsan. Kori (lawang/senthong) ingkang cacahipun gangsal (5) nglambangaken gangsal rukun Islam lan cendhélanipun ingkang cacah ganep enem (enem) nglambangaken rukun iman.