Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Masjid Kauman Semarang inggih punika salah satunggaling masjid ingkang gadhah sujarah piyambak ingkang madeg wonten ing Semarang, Jawa Tengah, Indonésia. Ing wekdal rumiyin, masjid kauman punika dipunsebat MAsjid Agung Semarang kados ingkang kaserat wonten ing gerbang masjid saha kaserat ing fasad ngajeng masjid. Seratan punika dipunserat mawi aksara Arab ingkang ageng seratanipun, nanging sapunika kanthi wontenipun Masjid Agung Semarang ingkang énggal, masarakat nyebat masjid punika kanthi sebatan Masjid Besar Kauman Semarang. Masjid Besar Kauman Semarang waunipun madeg kanthi gagah ing ngajeng alun-alun kitha Semarang. Nanging wiwit taun 1938, alun-alun kasebat éwah fungsinipun gantos dados papan ingkang komersil inggih punika kanthi wontenipun Pasar Johar, Pasar Yaik, gedhong BPD, saha hotèl Metro ingkang salajengipun dados area kawasan dagang Johar. Masjid Besar Kauman Semarang punika sapunika papanipun kecepit ing antawisipun yasan- yasan ageng ing sakiteripun. Masjid Kauman ingkang mapan wonten ing Jl. Alun-alun Barat nomer 71 Semarang punika, ing wekdal punika boten mlebet malih ing wewengkon kampong (kalurahan) Kauman, nanging mlebet ing wewengkon kalurahan Bangunharjo, Semarang Tengah. Sebatan kauman piyambak asalipun saking tembung “kaum”, inggih punika kulawarga abdi dalem ingkang angsal tugas saking Adipati Pandanaran I ingkang dipunangkat dados Adipati Semarang ing taun 1575 kanggé ngemunah masjid wau.[1]