Masjid Rao Rao

Masjid Rao Rao
Masjid Rao Rao dhèk Oktober 2008
Informasi umum
PrenahRao Rao, Sungai Tarab, Tanah Datar, Sumatra Kulon, Indonésia
Afiliasi agamaIslam
Deskripsi arsitektur
Jinis arsitèkturMasjid
Gaya arsitekturMinangkabau
Yasa pratama simbulis1908
Taun rampung1918
Spesifikasi
Menara1

Masjid Rao Rao ya iku masjid kuna ing Indonésia sing ngadeg ana ing Nagari Rao Rao, Kacamatan Sungai Tarab, Kabupatèn Tanah Datar, Sumatra Kulon, Indonésia.[1] Wangunaning masjid sing wujud camboraning gagrag Minangkabau lan Pèrsi iki diadegaké wiwit taun 1908 kanthi panyon duk sadurungé diganti dadi sèng.[2]

Masjid iki tau rusak lantaran lindhu, kaya ing taun 1926 lan 2009 kapungkur.[3][4] Kawit diadegaké, masjid iki durung tau dipulihaké. Pamulihan sing tau ana namung panglempengan menara sing miring ing taun 1975 lan panganyaran kabèh tègel lawas watara taun 1990.[5]

Nganti sapréné, saliyané dienggo sembahyangan kaum Islam, masjid iki uga dadi papan pamulangan agama. Kala biyèn, masjid iki uga tau dadi papan parancangan siyasat nglurug panjajah Walanda.[3][1]

  1. a b Arief 2008.
  2. Kementerian Agama, kc. 1.
  3. a b Akbar 2012.
  4. Kubontubuh & Hadiwinoto 2008.
  5. Kementerian Agama, kc. 2.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne