Matthew Bellamy

Matthew Bellamy
Matthew Bellamy
Latar wuri
Jeneng lair Matthew James Bellamy
Lair Juni 9, 1978
Inggris Cambridge, Inggris
Jinis Musik Rock
Pakaryan Penyanyi
Instrumen vokalis, gitaris, pianis, lan penulis lagu
Taun aktif 1987 - saiki
Wong tuwa George lan Marilyn
Anggota
Muse Band

Matthew James Bellamy (lair ing Cambridge, Inggris, 9 Juni 1978; umur 46 taun)[1] ya iku salah sawijining musisi lan komposer Inggris.[2] Matthew dikenal ning masarakat sebagai vokalis, gitaris, pianis, lan penulis lagu utama ning band rock alternative fenomenal Muse.

Bakat bermusik kang luar biyasa ora bisa dipisahaké karo bapaké, George, gitaris band 60an The Tornados.[3] The Tornados ya iku band Inggris kapisan kang kasil nduduki peringkat kapisan ing Amérikah Sarékat.[3] sapérangan tembangané saka band bapaké iki kerep dikutip lan digunakaké ing album kapapaté Muse, Black Holes and Revelation, kaya ta Telstar lan Knights of Cydonia.[2] Bapaké lan Marilyn, ibuné, pindah menyang Cambrige lan lair kakang lanang Matthew, Paul, lan dhèwèké.[2]

Nalika pertengahan 1980, kulawarga mau pindah ing Teignmouth, Devon.[2] Tanapi, sawisé wong tuwané pisah, Matthew manggon karo eyangé, kang meksa dhèwèké kanggo nyinaoni gitar ning usia 14 taun.[2] Sawisé diwasa lan duwé akèh pengalaman urip utawa ning dunya musik, Matthew kepincut banget karo Georgisme.[2] Hal mau akèh memprabawai tembangan kang diciptakaké kang akèh ngomong tentang pandangan revolusioner lan korupsi pulitik.[2] Salah sijiné buku kang diakui paling berprabawa ya iku Confessions of an Economic Hitman karangan John Perkins.[2] Matthew dadi duwé pandangan yèn pelobi iku wong kang bisa mengaruhi pulitikus lan sistem pulitik.[2]

Gaya piano Bellamy inspirasi saka karya-karyané pianis Romantis kaya Sergei Rachmaninoff lan Franz Liszt Tchaikovsky, lan ngasilké perpaduan gaya Romantis lan rock ing lagu-lagu Muse.[2]

Terkait urusan pribadiné, Matthew tau tunangan karo psikolog berkewarganagaraan Italia.[2] Wong loro mau sabeneré arep nikah ing taun 2009, nanging pernikahan mau dibatalkaké.[2]

  1. "Matthew Bellamy's Biography — Free listening, videos, concerts, stats and photos at Last.fm". Last.fm (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-01-06.
  2. a b c d e f g h i j k l Biografi Matthew James Bellamy dipununduh tanggal 12 Juni 2011
  3. a b profil Matthew James Bellamy dipununduh tanggal 12 Juni 2011

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne