Mawar

Mawar
Rosa alba 'Maiden's Blush
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rosales
Famili: Rosaceae
Subfamili: Rosoideae
Génus: Rosa L.
Spesies

  antara 100-150


Kembang Mawar iku kalebu kaluwarganing Rosa.[1] Cacah jinisé ana atusan. Wiwit kang thukul umbaran (alasan) nganti kang dibudidayakaké.[1] Mawar ana kang biyasa, ana uga kang thukulé mrambat.[1]

Cara membudidayaké utawa nandur kembang mawar bisa plantaran wiji, seték, okulasi, cangkokan, lan nyigar anakan.[1] Nanging cara kang luwih cêpêt sarana setékseték.[1]

Warnané uga ana rupa-rupa, kang asli racaké awarna abang, kuning, kuning tela, uga ana kang jambonjambon. Nanging, saiki ana kamajuan tèknologi kang bisa malih rupakaké warna, mawar uga ana kang wêrnané biru, wungu, malah ana kang ireng.[1]

Kembang mawar iki wis misuwur ing donya wiwit jaman kalabendu. Lengané didadèkaké lenga wangi, kang wis misuwur ganda arum lan larang regané. Uga ana manèh kang digawé bahaning setrup, jenengé Rosa canina, amarga akèh vitamin C-né.[1]

Mawar akèh-akèhé nduwé eri, nanging ana kang ora ana eriné.[2] Eri mawar gunané kanggo njaga mawar supaya ora dirusak kéwan lan gegremet.[3] Awit ana uga kéwan kang sênêng mangan kêmbang.[3] Kéwan iku kalebu kéwan hérbivorahérbivora.[3] Eri kalêbu salah sawijiné organ tuwuhan, ya iku organ aksesoris utawa rerenggan.[3] Eri ana kang kalebu aksésoris sajati lan ana kang mung modifikasi.[3] Eri minangka aksésori padatan kang ana ing pang, wit, godhong, lan woh tuwuhan.[3] Tuladhané ya iku ing wit mawar.[3]


  1. a b c d e f g Budidaya mawar (diaksés tanggal 1 Marêt 2011)
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet4
  3. a b c d e f g Gramédia Majalah[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 14 April 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne