Mayotte

Mayotte (Prancis: Mayotte, pocapané [majɔt]; Shimaore: Maore, [maore]; Kibushi: Mahori), kanthi resmi Departemen lan Region Jajahan Mayotte (Prancis: Département et Région d'Outre-mer de Mayotte), iku sawijining departemen jaban rangkah Prancis sing dumadi saka siji pulo utama, Grande-Terre (utawa Mahoré), siji pulo cilik, Petite-Terre (utawa Pamanzi), lan sawatara kapuloan cilik ing saubengé.

Sacara géografis kapuloan iki péranganing Kapuloan Komoro, nanging wiwit taun 1970-an wis pisah kanthi pulitik.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne