Medan Helvetia | |
---|---|
Kacamatan | |
Nagara | ![]() |
Propinsi | Sumatra Lor |
Kutha | Medan |
Kode Kemendagri | 12.71.03 |
Désa/Kalurahan | 7 |
Kacamatan Medan Helvetia iku salah siji saka 21 kacamatan ing kutha Medan, Sumatra Lor, Indonesia. Kacamatan Medan Helvetia wewatesan karo Medan Sunggal ing sisih kulon, Medan Kulon ing sisih wétan, Medan Petisah ing sisih kidul, lan Medan Marelan ing sisih lor.
Ing taun 2001, kacamatan iki kang ndunungi cacahé 128.144 jiwa. Jembar wewengkon 13,16 km² kanthi kapadhetan kang ndunungi 9.737,39 jiwa/km².
"Helvetia" iku jeneng Latin kanggo nagara Switserlan. Taun 1865, loro pemilik perkebunan asal Switserlan, Mots lan Breker ngadegaké perkebunan tembako ing Deli (laladan saubengé Medan saiki) kanthi jeneng Konigsgrätz, kang jenengé banjur diowahi dadi Helvetia.[1] Jeneng iki nganti saiki isih tetep lan kanggo jeneng kacamatan iki.