Megawati Soekarnoputri
ꦩꦺꦓꦮꦡꦶꦯꦸꦑꦂꦟꦥꦸꦠꦿꦶ | |
![]()
| |
Présidhèn Indonésia angka 5
| |
---|---|
Masa jabatan 23 Juli 2001 – 20 Oktober 2004 | |
Vice President(s) | Hamzah Haz |
Sadurungé | Abdurrahman Wahid |
Pengganti | Susilo Bambang Yudhoyono |
Masa jabatan 1999 – 2001 | |
Sadurungé | BJ Habibie |
Pengganti | Hamzah Haz |
Masa jabatan 1999 – Saiki | |
Sadurungé | Durung ana |
Pengganti | Isih njabat |
Lahir | Yogyakarta, Indonésia | Januari 23, 1947
Partai politik | PDI-Perjuangan |
Suami/istri | Taufiq Kiemas |
Anak | Puan Maharani |
Agama | Islam |
Tanda tangan | ![]() |
Situs resmi | website resmi |
Diah Permata Megawati Setiawati Soekarnoputri (lair ing Yogyakarta tanggal 23 Januari 1947) iku Présidhèn Indonésia wiwit 23 Juli 2001-20 Oktober 2004. Megawati minangka présidhèn wanita pisanan lan présidhèn kalima ing Indonésia. Jenengé kondhang minangka Megawati Soekarnoputri utawa Megawati. Tanggal 20 September 2004, Megawati kalah sajeroning babak kapindho pemilu présidhèn 2004. Megawati dadi présidhèn sawisé MPR nganakaké Sidang Istimewa ing taun 2001. Sidang Istimewa MPR dianakaké kanggo nanggepi langkah Présidhèn Abdurrahman Wahid sing bakal mbekokaké lembaga MPR/DPR lan Parté Golkar. Megawati dilantik tanggal 23 Juli 2001. Sadurungé wiwit taun 1999-2001, Megawati dadi Wakil Présidhèn.