Mi Celor yaiku panganan khas saka Palembang lan Jambi.[1][2] Tembung mi celor dijupuk saka basa Palembang kang tegesé mi kang dijarangi (basa Indonésia:diseduh).[1][2] Cara masakke mi mung dijarangi, ora digodhog supaya mi tetep kenyal lan ora benyek.[1]
Mi celor uga nganggo duduh kang digawé saka kaldu urang lan iwak kang diwenehi bumbu bawang, santen, lan gandum.[1][3] Duduh mau dikenthelake nganggo kanji supaya bisa nyemek-nyemek.[3] Duduh mi celor warnane oranye semu abang.[2][3] Kanggo njangkepi mi celor yaiku rajangan wortel, tauge, lan endhog bèbèk kang digodhog lan diiris separo.[1]