![]() Sapiring mi nyemek | |
Jinis | Godhogan |
---|---|
Ajangan | Mangan Utama |
Panggonan asal | ![]() |
Tlatah utawa praja | Jawa |
Hawa ajangan | Panas |
Woworan pokok | Mi, endhog, iwak pitik |
Variasi | Pedhes lan ora pedhes |
![]() ![]() |
Mi nyemek yaiku olahan bakmi sing disajèkaké nganggo duduh kang kenthel lan sithik[1]. Kaya bakmi umumé, iki uga ngemot mi[2], endhog orak-arik, iwak pitik, lan janganan kayata sawi ijo lan tomat. Mi iki didol ing bakul bakmi Jawa, racaké nalika wengi[3].